Bedah Buku Arak-arakan Geguritan : Garising Pepesthen Karya R. Bambang Nursinggih, S.Sn.

Acara bedah buku ini diselenggarakan pada kamis tanggal 21 mei 2015 bertempat di BPAD DIY unit Jogja Library Center Jalan Malioboro no 175 Yogyakarta. Narasumber adalah penulis buku sendiri R. Bambang Nursinggih, S.Sn. 
Dalam acara bedah buku itu penulis menjabarkan makna geguritan menurut panemune Rachmat Djoko Pradopo, ya kuwi ekspresi pamikir kang bisa nuwuhake rasa pangrasa lan nggugah panganen - angen kanggo nyipta/ imajinasi panadriya ing sawijining basa kang nggunakake basa kan tumata lan nduweni wirama. Geguritan lamun disurasa ngemu surasa adiluhung awujud susunan/ struktur kang kasusun saka unsur pamangun. Unsur-unsur kasebut gegayutan antara siji lan sijine lan ora bisa dipisahake. Struktur geguritan bisa kaperang dadi loro, ya kuwi struktur batin lan struktur jasmani/ wadhag. Sajrone struktur batin geguritan kadhapuk ing antarane: rasa, swara/ nada, tema lan amanat. Miturut panaliten kasusastran kang diarani endah lan becik kuwi lamun kalungguhane ana rong perkara ya kuwi paedah lan endah mau bisa jumbuh nyawiji. Lire endah lamun diwaca lan migunani tumrap budi pakartining sok sapa kang maca utawa kang krungu. Endahing karya sastra kang awujud geguritan utawa karya sastra liyane embuh kuwi kagolong karya sastra kuna, garag anyar nganti sastra modern, kepara sastra ing wektu saiki (kontemporer). 
Ngrembakane kagunan gurit pancen rada randhat, jalaran pancen kurang pamerdine marang sastra lan basa Jawa minangka basa Ibu. Mula mbutuhake wektu lan kasabaran kanggo nepungake geguritan marang masyarakat kang abasa Jawa mligine generasi mudhane, kanthi ngulinakake maca lan sesambungan / komunikasi mawa basa Jawa. Senajan ing panguripan sabendinane mligine ing pamulangan utawa pasrawungan liyane dikudokake nganggo basa Indonesia, nanging ing kulawarga becike migunakake basa Jawa. Kang paedahe nggladi panggraita lan rasa, watak, solah bawa lan kapribadene masyarakat murih mulya.
Geguritan ing sajrone buku Arak-arakan geguritan : Garising Pepesthen mujudake karya sastra, awujud kagunan asil reripta kang kaanggit kanthi pamikir kang jero. Tuwuhe karya sastra awit saka anane kadadean-kadadean utawa kanyatan urio kang sabanjure diolah, didhapuk, diracik lan dilarasake kanggo pengangen-angen kanggo nyipta gegambaran/ imajinasine pengarang, satemah minangka dadi sawijining karya sastra.Geguritan mujudake sawijining karya sastra kang nduweni angkah minangka reripta kang bisa dirasakake, dingerteni, uga didadekake sarana panggulawenthah tumrap urip ing bebrayan. Kejaba kuwi panggurit gawe gegurit kuwi ngangkah nyathet kedadean kang dialami, amrih kedadean mau bisa dimangerteni dening generasi sabanjure.

Garising Pepesthen
Dening : R. Bambang Nursinggih, S.Sn

Sedulur,
sapunten sedhihing galh aja nganti perih
mawa arum sarining singir-singir suci
sapihen kingkin kanthi weninging pikir
murih iman ora ringkih gingsir sumingkir
biraten duhkita kang lagi sumampir
mawa santi puji kang eklas, mahanani luhuring budi
Agahan nugraha ndlidir mili ngentheng-enthengi sangganing ngaurip
Allah uga tansah ngijabahi punagi-punagi kang kaesthi

Sedulur Gusti Allah ora sare,
aja kuwatir, asih-E ora muntir
aja kuwatir, aksama-E ora bakal mlintir
aja kuwatir, rahmat-E ora bakal wurung tumelung
aja kuwatir, gusti Allah ora bakal pilih asih lamun tetulung

Mula,
rikala ngeleng, mastuti mring Dat Kang Maha Agung
pasrah sumarah mring garising pepesthen kang mulung
lan nglenggana lamun titah mung saderma nglakoni tulis,
ora kurang ora luwih

Lamun sasab ing sakalir pandadar,
duhkita kang tansa ngendhih sigra luwar,
nisip sumingkir ing panguripan,
rahayu kang tansah pinanggih



Minomartani, 5 Juni Juni 2006

The True Story of China's Cleopatra

Pengarang    : Jonathan Clements
Penerbit        : Dastan
Tahun             : 2015
Tempat          : Jakarta
Kolasi            : 231 halaman
Kode Buku    : 823 CLE t
ISBN              : 9786022472070
Ringkasan    :
Sebelum Wu Zetian dilahirkan, ramalan sudah memperkirakan kalau ia akan menjadi seorang kaisar. Oleh karenanya, keluarganya kecewa begitu mendapati bahwa ia perempuan. Namun mereka memandang remeh tekad kuat Wu untuk berhasil. Di usia 13 tahun, ia terpilih menjadi selir kaisar Taizong yang sudah berusia 70 tahun. Wu dengan lihai menggunakan kecantikan, kecerdikan, kekuatan manipulasi dan bakatnya di ranjang untuk melapangkan jalannya menuju tampuk kekuasaan salah satu kekaisaran terbesar di zaman itu. 
Cantik, menawan, dan cerdik, Wu menyingkirkan semua yang tidak dapat dipikatnya, mengeksekusi musuh-musuhnya tanpa ampun, memanfaatkan kematian anaknya demi kepentingan politik, dan akhirnya menyatakan dirinya sebagai titisan dewi. Selama memerintah sekitar lima puluh tahun, ia menimbulkan skandal demi skandal yang terus diperdebatkan hingga sekarang. Wu sering kali digambarkan sebagai penguasa lalim sekaligus feminis yang dikekalkan dalam berbagai drama, buku, dan film, dicela karena perilakunya yang tidak bermoral sekaligus dipuji atas reformasi politiknya.