PISUNGSUNG : Antologi Geguritan lan Cerkak

Pengarang : Dhanu Priyo Prabowo
Subyek       : Antologi geguritan - cerita cekak
Penerbit     : Pustaka Pelajar
Tahun          : 1997
Tempat       : Yogyakarta
Klasifikasi  : 819

 Kolasi        : 196 hlm.

Sinopsis     :
Pisungsung iki aweh pituduh menawa sutresna budaya (Jawa) tansah adreng anggone menggalihake tumangkare sastra Jawa. Anggitan-anggitan sastra Jawa kang kaimpun ing Antologi Pisungsung kepethik saka karya-karyane pengarang kang wus nate dipacak ing hudyana Jawa Djaka Lodang, Mekar Sari, Praba, Pagagan (Ngayogyakarta), Jawa Anyar (Surakarta), Panyebar Semangat, Jaya Baya
(Surabaya), antarane taun 1980-an tumekane 1990-an. Anggitan-anggitan kang wus kapacak ing majalah-majalah kasebut wigati banget yen didhokumentasi jalaran karya-karya mau diajab aja nganti "ilang" diuntal kala. 
Kejaba kuwi, dhedhasare anggone ngumpulake karya-karya mau karana para pengarang Jawa ngemu cathetan ngenani prakara-prakara kang nabet mungguhing kabudayan Jawa, kayata owah ging-siring tatanan ing madane bebrayan agung Jawa kang magepokan karo panemu, pambiji, lan panyaruwe marang jatining kejawen (bab-bab kang ana sesambungane karo Jawa). MEsthi wae, anggone nithingi anggit-anggitan kasebutana wewa tone, umpamane, bisa nggambarake bab kejawen basa minangka asiling kagunan.  

0 komentar: