Tatanan Anyar Pinter Basa Jawi Pepak

Pengarang          : M. Abi Tofanidan G. Setyo Nugroho
Penerbit               : Pustaka Agung Harapan - Surabaya

Isi buku                 :
Buku punika ngrewat : Basa Jawi ingkang pepak, inggih punika bab Kawruh Basa, Kasusastran, Paramasastra, Wayang lan wewatake, Aksara Jawa sarta Kamus Basa Jawa. Wucalan basa Jawi ing pawiyatan, mujudaken satunggaling sarana kangge mbudidaya, ngudi kawruh, memetri, ngleluri, sarta nglestarekaken basa lan budaya Jawi.
Mangertosi kawruh basa Jawi boten badhe rugi, awit kathah sanget atur lan pitutur, wewarah lan wewaler ingkang rupi sandi lan sasmita ingkang kaserat ing tembang, parikan, sesanti, bebasan, saloka lan sapanunggalanipun. Jarwane sadaya sasmita kala wau saged kawedhar menawi kula lan panjenengan mangertosi kagunan Jawi utawi kawruh basa Jawi.
Senaosa ringkes ing pangajab segeda ngewrat sadaya sarinipun Kurikulum Basa Jawi iungkang wonten pamucalan ugi kawruh basa Jawi ing bebrayan umum.

buku Tatanan Anyar Pinter Basa Jawi Pepak 
saged dipun waos wonten ing perpustakaan padmanaba 
SMA Negeri 3 Yogyakarta

0 komentar: